![](https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEjhZDSp6F7yDDbSVkBMNGyPkhY0THucRwX3reK-uys3QrKDzf11z628s83LzE5vg-Cpj0R5m0Elw1qHzG680dpb6WgOeLVJElqEMlYd8ODsKXNn01RTNAQaOpcszGUDSZePFp5J-V0tw20/s320/Salindia2.JPG)
![](https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEiuglXMcdVNUoTPnvTC7-qo0OFDP2ZFj04rzgfzH79oqZrRZ3k6lYq7r4qYVI5W-mVIk9obTS7mIiT7ElHxbPZ4s63cgM5iVwcUcHXve9kRhQQlO9sJgWUiYfzNSlZpmNi5GzyyqSAQhRw/s320/pizap.com13564936929216.jpg)
.L ADRANG
Srikatón. Madêg Bathårå Maník inggíh Bathårå Guru, lajêng nyiptå kadhatón
minångkå Kahyanganipún, dipún wastani Kahyangan Junggríng Salåkå inggíh
Kahyangan Ujúng Giri Kailåså.
Nuntên mundhút garwå minångkå saktinipún, putrinipún Bathårå Umaran ing nagari
Parasu, nåmå Dwi Umå.
Ing salajêngipún Bathårå Guru kaliyan garwå Dèwi Umå pêputrå gangsal kakúng
sadåyå,
1. Bathårå Sambo,
2. Bathårå Bråmå,
3. Bathårå Indrå,
4. Bathårå Bayu, lan
5. Bathårå Wisnu.
Nalika punikå Bathara Guru Sakaliyan garwå nuju miyós siniwåkå, dipún adhêp
pårå putrå lan para Déwå (Têmbúng Déwå asal sakíng basa Sanskrita Jawi-kina -
Dew, têgêsipún Cahyå.)
Nalikå punika pårå putrå dipún cariyósakên sampún kagungan kahyangan lan garwå
piyambak - piyambak.
1. Bathårå Sambo ing Kahyangan Hargådaksinå, Swargådaksinå inggíh
Kahyangan Swélågringgíng, garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå
lan Dèwi Astuti.
2. Bathårå Bråmå ing Kahyangan Hargådahånå (Swargådahånå),
garwanipún tigå, Dèwi Sad (Wasi), Dèwi Saraswati, lan Dèwi
Rarasati.
3. Bathårå Indrå ing Kahyangan Surålåyå inggíh Kahyangan Indralokå,
garwanipún nåmå Dèwi Wiyati, Bathårå Indrå kawajiban mranåtå
pårå Déwå, lajêng nyíptå pagêlaran, nåmå Rêpat Kapanasan,
Kadhatón
Kênyapuri Tinjomåyå, titihan Dwipånggå nåmå Héråwåta inggíh
Héråwånå,
4. Bathårå Bayu, minångkå déwaníng angín lan kêkiyatan ótót bayu, ing
Kahyangan Pusêrbawånå inggíh Kahyangan Swargå Panglawúng,
garwanipún nåmå Dèwi Sumi.
5. Bathårå Wisnu ing Kahyangan Uttåråsagårå inggíh Uttaraswargå,
Déwå ingkang mêmayu hayuníng bawånå, garwanipún tigå, Dèwi
Sri,
Dèwi Pratiwi lan Dèwi Sriyuwati inggih Dèwi Pujåyanti,
patamananipún nåmå Sriwêdari, titihanipún pêksi garudhå,
nama Brihawan.
Nalikå punikå Bathara Guru sakaliyan garwå nuju lênggah siniwåkå, dipún adhêp
pårå putrå lan pårå Déwå, Bathårå Guru ngandikå, manawi ing wêkdal punika bumi
pulo Jawi taksíh gonjing anjómplang, margi ing sisíh kilèn wóntên rêdinipun
agêng inggíl, nåmå rêdi Jamúrdipå.
Bathårå Guru dhawúh supadós rêdi Jamúrdipa dipún dhungkari dipún gêmpali,
kausúng kawaradinakên mangétan.
Sadåyå sami matúr sandikå, lajêng
Bidalan
Bidalan.
1.
Anggêdhóg kothak kapíng gangsal, gångså mungêl Ayak-ayakan, kalajêngakên
gêndhíng Kawít, minggah ladrang Kawít, laras Sléndro pathêt Manyurå.
Sasampunipun Kayón (Gunungan) kabêdhól, kagêtêrakên lêmbat, kalóród
mangandhap, mandhêg kapíng tigå, têrús amblês mangandhap ing
palêmahan kêlír.
Kayón lajêng kalampahakên alón gêtêr mangiwå-manêngên wongsal
- wangsúl.
Nuntên tancêb jêjêg ing dêbóg nginggíl.
Gêndhíng kasirêp (mungêl liríh), lajêng kacaritakakên kajantúr :
Nalikå awang awang - uwúng uwúng, dèrèng wóntên punåpå punåpå, Hyang Måhå
Kawåså manggèn wóntên satêngahíng kawóntênan, nyíptå dumadósíng
pasthi.
![](https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgAbojANt-YVyvbJvZXCborEihYou3PGoxLxC5IukCivi1Qawju51TuQD17w93ZlFBNH0M83TpeUWfyiw5A4mlA1IoII2RiRoeATei0AtsElBDqNS2APoFhrIbnpUi-E6wKG_PpbFERnGI/s320/pizap.com13562890866561.jpg)
![](https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEiiBjHKUXBjxcwjjmVisfoN2aYNiAVuoGyDOGnGg1CYVe_bRR1JFrfy9HguSEsn0wmTWwxpXXk2CiDcrGlktsrdrLz_F0Fda48cY3ZGt4-uxbrGUBl62-5nPPyZV2SvQd8i8DaC-AWutVA/s320/pizap.com13562927166711.jpg)
Wóntên swantên ambêngúng ngêbêgi jagad kadós swantêníng gênthå kêkêlêng.
Ingriku wóntên cahyå pacihang gumêbyar mungsêr bundêr kadós antigå (tigan)
gumandhúl tanpå canthèlan.
Énggal dipún astå déníng Hyang Måhå Kawåså, dipún pujå :
1. Cangkókipún, dadós bumi lan langít,
2. Pêthakipún, dadós cahyå lan téjå,
3. Jênnipún, dadós maník lan måyå.
Sasampunipun jagad gumêlar, cahyå, téjå, maník lan måyå, ingkang nalika punika
dèrèng kasumêrêpan, pundi ingkang rumiyín lan pundi ingkang kantún.
Sadåyå lajêng kapujå dadós rupi manungså, kadós Bambangan bagús.
Gångså wudhar, mantún sirêpan.
Gunungan kabêdhól, tancêp ing simpingan
sisih têngênipún Dhalang.
Bambangan bagús sêkawan kawêdalakên, madhêp manêngên, tancêp ing dêbóg
ngandhap sisih kiwå, tangan ngapurancang.
Gêndhing Kawít minggah ladrang Kawít, lajêng suwúk, dipún suluki pathêt
Nêm jangkêp, lajêng pangandikan.
Swantên tanpa rupi :
Sirå kabèh, cahyå, téjå, maník lan måyå. Wús Ingsún pujå rupå manungså.
Cahyå, sira aran Bathårå Nurrådå (Narådå), Téjå aran Bathårå Téjå iya
Bathårå Antågå, Maník aran Bathårå Maník iyå Bathara Guru, déné Måyå
aran Bathårå Måyå iyå Bathårå Ismåyå.
Ingsún iki kang Måhå Kawåså, sira kabèh Ingsún kawasakaké gawé lêlakón ånå
sajroníng jagad gumêlar iki.
1. Bathårå Maník, Ingsún kawasakaké mranåtå jagad
Trilokå, jagadíng pårå
Déwå, jagadíng pårå lêlêmbút, lan jagadíng pårå
manungså.
2. Bathårå Nurrådå Ingsún kawasakaké ngêmbani mranåtå karo Bathårå
Maník.
3. Bathårå Ismåyå Ingsún kawasakaké mómóng pårå manungså kang laku
bêcík.
4. Déné sirå Bathårå Antågå, Ingsún kawasakaké nyoba antêbíng tékadé pårå
titah.
Bathårå sêkawan nyêmbah matúr sandikå, lajêng bidhal ningali kawóntênaníng
jagad gumêlar.
Bathårå Antågå ing bénjíng turasipún dadós Kyai Tógóg, Pugúh, Antågå inggíh
Kyai Téjåmantri.
Déné Bathårå Ismåyå ing bénjíng asríng manitís dhatêng turasipún ingkang
nama Kyai Badråmåyå inggíh Kyai Sêmar