Senin, 17 Desember 2012

02 Lampahan Manik Maya 2


.L ADRANG Srikatón. Madêg Bathårå Maník inggíh Bathårå Guru, lajêng nyiptå kadhatón minångkå Kahyanganipún, dipún wastani Kahyangan Junggríng Salåkå inggíh Kahyangan Ujúng Giri Kailåså.
Nuntên mundhút garwå minångkå saktinipún, putrinipún Bathårå Umaran ing nagari Parasu, nåmå Dwi Umå.
Ing salajêngipún Bathårå Guru kaliyan garwå Dèwi Umå pêputrå gangsal kakúng sadåyå,
    1. Bathårå Sambo,
    2. Bathårå Bråmå,
    3. Bathårå Indrå,
    4. Bathårå Bayu, lan
    5. Bathårå Wisnu.
Nalika punikå Bathara Guru Sakaliyan garwå nuju miyós siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå lan para Déwå (Têmbúng Déwå asal sakíng basa Sanskrita Jawi-kina - Dew, têgêsipún Cahyå.)
Nalikå punika pårå putrå dipún cariyósakên sampún kagungan kahyangan lan garwå piyambak - piyambak.
1. Bathårå Sambo ing Kahyangan Hargådaksinå, Swargådaksinå inggíh
    Kahyangan Swélågringgíng, garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå
    lan Dèwi Astuti.
2. Bathårå Bråmå ing Kahyangan Hargådahånå (Swargådahånå),
    garwanipún tigå, Dèwi Sad (Wasi), Dèwi Saraswati, lan Dèwi
    Rarasati.
3. Bathårå Indrå ing Kahyangan Surålåyå inggíh Kahyangan Indralokå,
    garwanipún nåmå Dèwi Wiyati, Bathårå Indrå kawajiban mranåtå
    pårå Déwå, lajêng nyíptå pagêlaran, nåmå Rêpat Kapanasan,
    Kadhatón
    Kênyapuri Tinjomåyå, titihan Dwipånggå nåmå Héråwåta inggíh
    Héråwånå,
4. Bathårå Bayu, minångkå déwaníng angín lan kêkiyatan ótót bayu, ing
    Kahyangan Pusêrbawånå inggíh Kahyangan Swargå Panglawúng,
    garwanipún nåmå Dèwi Sumi.
5. Bathårå Wisnu ing Kahyangan Uttåråsagårå inggíh Uttaraswargå,
    Déwå ingkang mêmayu hayuníng bawånå, garwanipún tigå, Dèwi Sri,
    Dèwi Pratiwi lan Dèwi Sriyuwati inggih Dèwi Pujåyanti,
    patamananipún nåmå Sriwêdari, titihanipún pêksi garudhå, nama
Brihawan.
   
Nalikå punikå Bathara Guru sakaliyan garwå nuju lênggah siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå lan pårå Déwå, Bathårå Guru ngandikå, manawi ing wêkdal punika bumi pulo Jawi taksíh gonjing anjómplang, margi ing sisíh kilèn wóntên rêdinipun agêng inggíl, nåmå rêdi Jamúrdipå.
Bathårå Guru dhawúh supadós rêdi Jamúrdipa dipún dhungkari dipún gêmpali, kausúng kawaradinakên mangétan.
Sadåyå sami matúr sandikå, lajêng
 Bidalan

 Bidalan.

01 Lampahan Manik Maya (Jagad Ginelar)


 1. Anggêdhóg kothak kapíng gangsal, gångså mungêl Ayak-ayakan, kalajêngakên gêndhíng Kawít, minggah ladrang Kawít, laras Sléndro pathêt Manyurå.
Sasampunipun Kayón (Gunungan) kabêdhól, kagêtêrakên lêmbat, kalóród mangandhap, mandhêg kapíng tigå, têrús amblês mangandhap ing palêmahan kêlír.
Kayón lajêng kalampahakên alón gêtêr mangiwå-manêngên  wongsal -   wangsúl.
Nuntên tancêb jêjêg ing dêbóg nginggíl.
Gêndhíng kasirêp (mungêl liríh), lajêng kacaritakakên kajantúr :

Nalikå awang awang - uwúng uwúng, dèrèng wóntên punåpå punåpå, Hyang Måhå Kawåså manggèn wóntên satêngahíng kawóntênan, nyíptå dumadósíng pasthi. 


Wóntên swantên ambêngúng ngêbêgi jagad kadós swantêníng gênthå kêkêlêng.
Ingriku wóntên cahyå pacihang gumêbyar mungsêr bundêr kadós antigå (tigan) gumandhúl tanpå canthèlan.
Énggal dipún astå déníng Hyang Måhå Kawåså, dipún pujå :
    1. Cangkókipún, dadós bumi lan langít,
    2. Pêthakipún, dadós cahyå lan téjå,
    3. Jênnipún, dadós maník lan måyå.
Sasampunipun jagad gumêlar, cahyå, téjå, maník lan måyå, ingkang nalika punika dèrèng kasumêrêpan, pundi ingkang rumiyín lan pundi ingkang kantún.
Sadåyå lajêng kapujå dadós rupi manungså, kadós Bambangan bagús.
Gångså wudhar, mantún sirêpan.
Gunungan kabêdhól, tancêp ing simpingan sisih têngênipún Dhalang.
Bambangan bagús sêkawan kawêdalakên, madhêp manêngên, tancêp ing dêbóg ngandhap sisih kiwå, tangan  ngapurancang.
Gêndhing Kawít minggah ladrang Kawít, lajêng suwúk, dipún suluki pathêt Nêm jangkêp, lajêng pangandikan.
Swantên tanpa rupi :

Sirå kabèh, cahyå, téjå, maník lan måyå. Wús Ingsún pujå rupå manungså.
Cahyå, sira aran Bathårå Nurrådå (Narådå), Téjå aran Bathårå Téjå iya Bathårå Antågå, Maník aran Bathårå Maník iyå Bathara Guru, déné Måyå aran Bathårå Måyå iyå Bathårå Ismåyå.
Ingsún iki kang Måhå Kawåså, sira kabèh Ingsún kawasakaké gawé lêlakón ånå sajroníng jagad gumêlar iki.
1. Bathårå Maník, Ingsún kawasakaké mranåtå jagad Trilokå, jagadíng pårå 
    Déwå, jagadíng pårå lêlêmbút, lan jagadíng pårå manungså.
2. Bathårå Nurrådå Ingsún kawasakaké ngêmbani mranåtå karo Bathårå
    Maník.
3. Bathårå Ismåyå Ingsún kawasakaké mómóng pårå manungså kang laku
    bêcík.
4. Déné sirå Bathårå Antågå, Ingsún kawasakaké nyoba antêbíng tékadé pårå
    titah.

Bathårå sêkawan nyêmbah matúr sandikå, lajêng bidhal ningali kawóntênaníng jagad gumêlar.
Bathårå Antågå ing bénjíng turasipún dadós Kyai Tógóg, Pugúh, Antågå inggíh Kyai Téjåmantri.
Déné Bathårå Ismåyå ing bénjíng asríng manitís dhatêng turasipún ingkang  nama Kyai Badråmåyå inggíh Kyai Sêmar